Kamis, 31 Desember 2015

RENUNGAN AKHIR TAHUN 2015

RENUNGAN AKHIR TAHUN 2015
.
Ivan Taniputera.
31 Desember 2015
.



.
Tak terasa kita telah tiba di penghujung tahun 2015. Kini tiba saatnya kita memasuki tahun 2016. Pada kesempatan kali ini saya akan membawakan renungan dalam bahasa Jawa.
.
Wekdal punika kenceng sanget mlampahipun. Inggih ugi dipun sebat playunipun lonjong botor utawi kenceng sanget. Boten dipun raosaken kita sampun wonten ing pungkasaning warsa 2015. Warsa 2015 kita sampun nindakaken prakawis ingkang sae lan ala. Ing pungkasaning warsa 2015 puniki kita mengeti punapa tumindak ingkang sae lan ala. Tumindak ingkat sae kedah dipun pupuk lan dipun pelihara. Tumindak ingkang ala kedah dipun tebihaken saking awakipun piyambak.
.
Kita ugi sadar manawi kemajuan zaman inggih kenceng sanget mlampahipun kados wekdal iku piyambak. Kita inggih kedah gadah semangat lan kerajinan kangge sinau punapa mawon prakawis anyar ingkat sae lan saged dipun manfaataken damel kabecikanipun bangsa lan negara. Kita ugi berdoa supados para pemimpin ing salataring donya dipun paringi kawicaksanan lan welas asih. Supados sakabehing jalma manungsa lan makhluk dipun paringi damai sejahtera, katentreman, lan kasarasan, ugi dipun tebihaken saking paprangan lan bebendu.
.
Bangsa-bangsa manca katah ingkang nduweni kemajuan luar biasa. Kita ugi sadar manawi crah agawe bubrah. Kita kedah saged nyadari lan mikul dhuwur prinsip Bhinneka Tunggal Ika. Persatuan nomer satunggal. Toleransi kedah dipun tingkataken ing warsa 2016. Kita kedah duweni kasaguhan nrima perbedaan. Manawi kita bubrah kados pundi saguh nututi bangsa-bangsa manca ingkang maju? Perselisihan amargi SARA kedah sampun dipuh sirnaaken ing warsa 2016. Perbedaan puniku anugrah lan sanes hambatan.
.
Mugi-mugi kita sadaya senantiasa dipun paringin kasarasan, rejeki, kawicaksanaan, katentreman, kasantosan, lan kabahagiaan in warsa 2016. Sugeng warsa enggal!